Katuranggan Kucing
Pupuh I: Asmaradana
Berkas ini diakses dari budiarto.id pada tanggal 22 Apr 2021. Silakan pindai kode QR di samping untuk mengakses laman daring.
Pupuh I: Asmaradana
Berkas ini diakses dari budiarto.id pada tanggal 22 Apr 2021. Silakan pindai kode QR di samping untuk mengakses laman daring.
꧑ | ꧄ꦫꦶꦏꦭꦤꦶꦫꦠꦶꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦶꦪꦁꦤꦸꦗꦸꦗꦩ꧀ꦱꦼꦏꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦠꦸꦊꦒꦶꦢꦶꦤꦤꦺ꧈ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦶꦁꦤꦼꦩ꧀ꦭꦶꦏꦸꦂꦏ꧈ꦧꦼꦱꦂꦲꦶꦁꦱꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦢꦭ꧀ꦱꦺꦮꦸꦠꦲꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦁꦔꦠꦸꦱ꧀ꦱꦔꦁꦢꦱꦱꦔ꧉ |
1 | rikalanira tinulis siyaŋ nuju jam sěkawan hiŋ sětu ḷgi dinané, taŋgal kapiŋ němlikuř ka, běsař hiŋ sasènnira, dal séwu tahun pituŋṅatus saṅaŋdasa saṅa. |
1 | rikalanira tinulis / siyang nuju jam sěkawan / ing sětu lěgi dinané / tanggal kaping němlikur ka / běsar ing sasènira / dal séwu tahun / pitungatus sangangdasa sanga |
꧒ | ꧄ꦲꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦂꦱ꧈ꦲꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦱ꧀ꦲꦶꦏꦤꦒꦿꦶꦤꦺ꧈ꦢꦾꦤ꧀ꦥꦭ꧀ꦒꦸꦟꦏ꧀ꦭꦫꦺꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦶꦤꦸꦠꦿꦢꦩ꧈ꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦲꦶꦁꦫꦩꦲꦶꦧꦸ꧈ꦭꦺꦴꦒꦁꦭꦒꦶꦁꦏꦢꦁꦱꦗꦸꦒ꧉ |
2 | haněŋgiḥ hiŋkaŋ hanulis pŕiyannom kawělas hařsa, hiŋ kudus hika nagŕiné, dȳan palguṇa klarèḥhannira, kalaŋkuŋ pinutŕadama, tinilař hiŋ rama hibu, logaŋ lagiŋ kadaŋ sajuga. |
2 | aněnggih ingkang anulis / priyanom kawělas arsa / ing kudus ika nagriné / dyan palguna klarèhanira / kalangkung pinutradama / tinilar ing rama ibu / logang laging kadang sajuga |
꧓ | ꧄ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦩꦶꦪꦂꦱꦮꦂꦠꦶ꧈ꦗꦭ꧀ꦩꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦭꦔꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦶꦃꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁ꧈ꦲꦶꦏꦱꦶꦫꦮꦼꦱ꧀ꦥꦢꦏ꧀ꦤ꧈ꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦲꦭ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦺꦃꦔꦶꦔꦸꦲꦶꦔꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦶꦏ꧀ꦏ꧉ |
3 | kasmaran miyařsa wařti, jalma hiŋkaŋ kělaṅènnan hiŋkaŋ hasiḥ hiṅon hiṅonniŋ, hika sira wěspadakna, kaŋ běcik lan kaŋ hala, sampun dumèḥ ṅiṅu hiṅu, yèn hala dipunsirikka. |
3 | kasmaran miyarsa warti / jalma ingkang kělangènan / ingkang asih ingon ingoning / ika sira wěspadakna / kang běcik lan kang ala / sampun dumèh ngingu ingu / yèn ala dipunsirika |
꧔ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦭꦸꦫꦶꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦲꦱꦼꦩ꧀ꦲꦶꦏ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦥꦚ꧀ꦗꦁꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦲꦭ꧈ꦧꦫꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦏꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦤꦶꦁꦤꦺꦴꦫꦔꦥꦲ꧉ |
4 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, lurik kěmbaŋ hasěm hika, hiŋkaŋ hapañjaŋ buntutté, punika lamatté hala, baros kěṛp kélaŋṅan lamun bunḍěl buntuttipun hala niŋ nora ṅapaha. |
4 | aja sira ngingu kucing / lurik kěmbang asěm ika / ingkang apanjang buntuté / punika lamaté ala / baros kěrěp kélangan / lamun bundhěl buntutipun / ala ning nora ngapaha |
꧕ | ꧄ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦱꦸꦏꦸꦤꦺꦥꦚ꧀ꦕꦭ꧀ꦱꦼꦏꦮꦤ꧀ꦲꦸꦠꦩꦲꦶꦉꦁꦮꦸꦭꦸꦤꦺ꧈ꦲꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦏꦁꦔꦶꦔꦸꦱꦸꦏꦮꦶꦂꦪ꧈ꦏꦛꦃꦫꦶꦗꦼꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦸꦠꦩ꧉ |
5 | yèn sira ṅiṅu kuciŋ, sukuné pañcal sěkawan hutama hiṛŋ wuluné, haběcik ḷksannira, kaŋ ṅiṅu suka wiřya, kaṭaḥ rijěkinipun yèn bunḍěl laŋkuŋ hutama. |
5 | yèn sira ngingu kucing / sukuné pancal sěkawan / utama irěng wuluné / aběcik lěksanira / kang ngingu suka wirya / kathah rijěkinipun / yèn bundhěl langkung utama |
꧖ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦶꦉꦁꦩꦸꦭꦸꦱ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦁ꧈ꦲꦶꦪꦲꦭꦲꦶꦁꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦏꦗꦼꦤ꧀ꦠꦏ꧈ꦲꦸꦠꦃꦭꦸꦢꦶꦫꦤꦶꦫ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦤꦶꦫꦱꦮꦼꦠꦫ꧉ |
6 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, hiṛŋ mulus buntut pañjaŋ, hiya hala hiŋ lamatté, haran putŕa kajěntaka, hutaḥ ludiranira, lamun bunḍěl buntuttipun halanira sawětara. |
6 | aja sira ngingu kucing / irěng mulus buntut panjang / iya ala ing lamaté / aran putra kajěntaka / utah ludiranira / lamun bundhěl buntutipun alanira sawětara |
꧗ | ꧅ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦲꦶꦉꦁꦱꦢꦪ꧈ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦶꦮꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦶꦃ꧈ꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦫꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦏꦿꦲꦶꦤꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦏꦤꦤ꧀ꦱꦱꦼꦢꦾꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧉ |
7 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, hawakké hiṛŋ sadaya, lambuŋ kiwa tèmboŋ putiḥ, ḷksanannira pŕayoga, haran wulan kŕahinan tiněkanan sasědȳannipun yèn bunḍěl laŋkuŋ pŕayoga. |
7 | lamun sira ngingu kucing / awaké irěng sadaya / lambung kiwa tèmbong putih / lěksananira prayoga / aran wulan krahinan / tiněkanan sasědyanipun / yèn bundhěl langkung prayoga |
꧘ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦭꦸꦫꦶꦏ꧀ꦲꦶꦉꦁꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦁ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦱꦼꦏꦼꦭꦤ꧀ꦱꦿꦶꦁꦠꦸꦏꦂꦫꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦝꦝꦁꦱꦸꦁꦏꦮ꧈ꦥꦤ꧀ꦲꦢꦺꦴꦃꦫꦶꦗꦼꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦤꦺꦴꦫꦔꦥꦲ꧉ |
8 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, lurik hiṛŋ buntut pañjaŋ, punika hawon lamatté, sěkělan sŕiŋ tukařran haran ḍaḍaŋ suŋkawa, pan hadoḥ rijěkinipun yèn bunḍěl nora ṅapaha. |
8 | aja sira ngingu kucing / lurik irěng buntut panjang / punika awon lamaté / sěkělan sring tukaran / aran dhadhang sungkawa / pan adoh rijěkinipun / yèn bundhěl nora ngapaha |
꧙ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦥꦸꦠꦶꦃꦱꦢꦪ꧈ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁ꧈ꦲꦶꦉꦁꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦂꦤꦩ꧈ꦠꦶꦤꦺꦏꦤ꧀ꦧꦼꦗꦤꦺꦤꦸꦠꦸꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦸꦠꦩ꧉ |
9 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, hawakké putiḥ sadaya, lambuŋ hiŋkaŋ těṅěn tèmboŋ, hiṛŋ lamatté pŕayoga, haran wulan puřnama, tinékan bějané nutut yèn bunḍěl laŋkuŋ hutama. |
9 | lamun sira ngingu kucing / awaké putih sadaya / lambung ingkang těngěn tèmbong / irěng lamaté prayoga / aran wulan purnama / tinékan bějané nutut / yèn bundhěl langkung utama |
꧑꧐ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦲꦶꦉꦁꦱꦢꦪ꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦃꦧꦼꦭꦁꦥꦸꦠꦶꦃ꧈ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦒꦶꦫ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦲꦭ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦢꦸꦂꦗꦤꦏꦏꦼꦛꦸ꧈ꦏꦂꦱꦤꦺꦏꦮꦼꦤ꧀ꦢꦏ꧉ |
10 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, hawakké hiṛŋ sadaya, naṅiŋ siraḥ bělaŋ putiḥ, těrus maraŋ tutuggira, hiku lamatté hala, haran duřjana kakěṭu, kařsané kawěndaka. |
10 | aja sira ngingu kucing / awaké irěng sadaya / nanging sirah bělang putih / těrus marang tutugira / iku lamaté ala / aran durjana kakěthu / karsané kawěndaka |
꧑꧑ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦱꦢꦪ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦫꦃꦲꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦒꦼꦁꦩꦸꦤꦃꦲꦶꦫ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦧꦸꦗꦺꦴꦁꦒꦲꦩꦼꦁꦏꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦸꦠꦩ꧉ |
11 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, hawakké pěṭak sadaya, lamun cěměŋ hiŋ siraḥhé, hiku lamatté pŕiyoga, hagěŋ munaḥhira, haran bujoŋga haměŋku, yèn bunḍèl laŋkuŋ hutama. |
11 | lamun sira ngingu kucing / awaké pěthak sadaya / lamun cěměng ing sirahé / iku lamaté priyoga / agěng munahira / aran bujangga aměngku / yèn bundhèl langkung utama |
꧑꧒ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦥꦚ꧀ꦗꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦱꦲꦸꦊꦱ꧀ꦱꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦮꦶꦱꦠꦸꦩꦩ꧈ꦥꦼꦕꦃꦏꦁꦔꦶꦔꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦤꦺꦴꦫꦔꦥꦲ꧉ |
12 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, buntut pěṭak pan hapañjaŋ, hawakké sahuḷssé, hiku lamattipun hala, haran wisa tumama, pěcaḥ kaŋ ṅiṅu, yèn bunḍěl nora ṅapaha. |
12 | aja sira ngingu kucing / buntut pěthak pan apanjang / awaké sahulěsé / iku lamatipun ala / aran wisa tumama / pěcah kang ngingu / yèn bundhěl nora ngapaha |
꧑꧓ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦥꦺꦏ꧀ꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦏꦺꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦤꦺꦠꦿꦤꦺ꧈ꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦲꦥꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦶꦧꦮ꧈ꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦢꦶꦤꦸꦭꦸꦂ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧉ |
13 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, pèk hépèkké těrus punika, ḍumatěŋ hiŋ caŋkěm nétŕané, lamatté hapan pŕayoga, haran satŕiya wibawa, sakařsanira dinuluř, yèn bunḍěl laŋkuŋ pŕayoga. |
13 | lamun sira ngingu kucing / pèk épèké těrus punika / dhumatěng ing cangkěm nétrané / lamaté apan prayoga / aran satriya wibawa / sakarsanira dinulur / yèn bundhěl langkung prayoga |
꧑꧔ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦏꦸꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦥꦽꦫꦸꦠ꧀ꦱꦩꦾ꧈ꦲꦸꦊꦱ꧀ꦱꦫꦸꦥꦫꦸꦥꦤꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭ꧈ꦏꦁꦔꦶꦔꦸꦏꦧꦼꦤ꧀ꦢꦤꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦂꦠꦭꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦔꦥꦲ꧉ |
14 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, kupiŋ kaliḥ pṛěrut samȳa, huḷs sarupa rupané, hiku lamattipun hala, kaŋ ṅiṅu kaběndanan haran tampař taliwaŋsul yèn bunḍěl datan ṅapaha. |
14 | aja sira ngingu kucing / kuping kalih prěrut samya / ulěs sarupa rupané / iku lamatipun ala / kang ngingu kaběndanan / aran tampar taliwangsul / yèn bundhěl datan ngapaha |
꧑꧕ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦭꦺꦂꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦱꦫꦸꦥꦫꦸꦥꦤꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦶꦫ꧈ꦭꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦊꦭꦏꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦸꦠꦩ꧉ |
15 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, gigiřripun dalèř pěṭak hawak sarupa rupané, yèn těrus hiŋ caŋkěmmira, lamattipun pŕayoga, haran panḍita ḷlaku, yèn bunḍěl laŋkuŋ hutama. |
15 | lamun sira ngingu kucing / gigiripun dalèr pěthak / awak sarupa rupané / yèn těrus ing cangkěmira / lamatipun prayoga / aran pandhita lělaku / yèn bundhěl langkung utama |
꧑꧖ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦢꦭꦺꦂꦲꦶꦉꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦶꦫ꧈ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦏꦭꦔꦸꦩ꧀ꦧꦫ꧈ꦤꦺꦁꦥꦫꦤ꧀ꦩꦁꦒꦶꦃꦥꦏꦺꦮꦸꦃ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦶꦫꦲ꧉ |
16 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, dalèř hiṛŋ gigiřrira, těrus maraŋ hiŋ buntutté, hiku lamattipun hala, haran kala ṅumbara, nèŋ paran maŋgiḥ pakéwuḥ, yèn bunḍěl datan piraha. |
16 | aja sira ngingu kucing / dalèr irěng gigirira / těrus marang ing buntuté / iku lamatipun ala / aran kala ngumbara / nèng paran manggih pakéwuh / yèn bundhěl datan piraha |
꧑꧗ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦺꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈ꦏꦸꦕꦶꦁꦱꦫꦸꦥꦫꦸꦥꦤꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦱꦺꦴꦁꦒꦧꦸꦮꦤ꧈ꦭꦸꦭꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦚꦤꦺꦲꦩꦼꦁꦏꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦸꦠꦩ꧉ |
17 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, gigiřré tèmboŋ punika, kuciŋ sarupa rupané, hiku lamattipun pŕayoga, haran soŋga buwana, lulun doñané haměŋku, yèn bunḍěl laŋkuŋ hutama. |
17 | lamun sira ngingu kucing / gigiré tèmbong punika / kucing sarupa rupané / iku lamatipun prayoga / aran sangga buwana / lulun donyané aměngku / yèn bundhěl langkung utama |
꧑꧘ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦝꦝꦤꦺꦥꦤ꧀ꦢꦭꦺꦂꦥꦼꦛꦏ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦩꦫꦁꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦲꦭ꧈ꦲꦫꦤꦺꦧꦪꦔꦁꦱꦂ꧈ꦧꦶꦭꦲꦶꦲꦸꦤꦺꦁꦔꦶꦁꦧꦚꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦶꦫꦲ꧉ |
18 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, ḍaḍané pan dalèř pěṭak těrus maraŋ buntutté, punika lamatté hala, harané baya ṅaŋsař, bilahi hunèŋṅiŋ bañu, yèn bunḍěl datan piraha. |
18 | aja sira ngingu kucing / dhadhané pan dalèr pěthak / těrus marang buntuté / punika lamaté ala / arané baya ngangsar / bilahi unènging banyu / yèn bundhěl datan piraha |
꧑꧙ | ꧄ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦧꦶꦱꦸꦤꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦱꦾꦫ꧈ꦮꦸꦭꦸꦱꦫꦸꦥꦫꦸꦥꦤꦺ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦩꦠ꧀ꦠꦺꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸꦲꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ꧈ꦥꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦮꦶꦭꦭꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦱꦶꦫꦱꦶꦪꦱꦶꦪ꧉ |
19 | lamun sira ṅiṅu kuciŋ, bisu nora duwé sȳara, wulu sarupa rupané, hiku lamatté pŕayoga, haran wisnu hatonḍa, pan hagěŋ wilalattipun haja sira siya siya. |
19 | lamun sira ngingu kucing / bisu nora duwé syara / wulu sarupa rupané / iku lamaté prayoga / aran wisnu atandha / pan agěng wilalatipun / aja sira siya siya |
꧒꧐ | ꧄ꦲꦗꦱꦶꦫꦔꦶꦔꦸꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦠꦸꦠꦸꦭ꧀ꦮꦼꦫꦠ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦥꦸꦠꦶꦃꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦲꦭꦱꦸꦱꦃꦠꦸꦂꦒꦼꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦫꦤꦺꦏꦸꦕꦶꦁꦲꦶꦏ꧈ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦏꦸꦩꦸꦏꦸꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈ꦚꦫꦁꦲꦤꦏ꧀ꦚꦸꦢꦥꦿꦶꦪ꧉ |
20 | haja sira ṅiṅu kuciŋ, hawakké tutul wěrata, naṅiŋ haputiḥ buntutté, hala susaḥ tuř gěriŋṅan harané kuciŋ hika, lintaŋ kumukus hiku, ñaraŋ hanak ñuda pŕiya. |
20 | aja sira ngingu kucing / awaké tutul wěrata / nanging aputih buntuté / ala susah tur gěringan / arané kucing ika / lintang kumukus iku / nyarang anak nyuda priya |
꧒꧑ | ꧄ꦱꦶꦫꦔꦸꦭꦠ꧀ꦠꦤꦏꦸꦕꦶꦁ꧈ꦏꦁꦩꦮꦚꦼꦁꦲꦸꦚꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦫꦃꦠꦤꦥꦶꦝꦝꦤꦺ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦤꦥꦶꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦶꦫ꧈ꦲꦶꦏꦸꦉꦏꦛꦱꦸꦫ꧈ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦏꦧꦺꦃꦲꦩꦼꦁꦏꦸ꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦏꦸꦕꦶꦁꦕꦤ꧀ꦢꦿꦩꦮ꧉ |
21 | sira ṅulattana kuciŋ, kaŋ mawa ñěŋ huñěŋṅan hiŋ siraḥ tanapi ḍaḍané, datannapi gigiřrira, hiku ṛkaṭa sura, běcikké kabèḥ haměŋku, haran kuciŋ candŕa mawa. |
21 | sira ngulatana kucing / kang mawa nyěng unyěngan / ing sirah tanapi dhadhané / datanapi gigirira / iku rěkatha sura / běciké kabèh aměngku / aran kucing candra mawa |