Serat Anglingdarma
Pupuh V: Mijil
Berkas ini diakses dari budiarto.id pada tanggal 22 Apr 2021. Silakan pindai kode QR di samping untuk mengakses laman daring.
Pupuh V: Mijil
Berkas ini diakses dari budiarto.id pada tanggal 22 Apr 2021. Silakan pindai kode QR di samping untuk mengakses laman daring.
꧑ | ꧅ꦟ꧀ꦢꦿ꧅ꦢꦾꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦭꦸꦔꦺꦪꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦧꦶ꧈ꦱꦲꦮꦕꦤꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦸꦃꦩꦱ꧀ꦩꦶꦫꦃꦲꦪ꧀ꦮꦩꦫꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦂ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦿꦕꦪꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦢꦺꦮꦱꦶꦃ꧈ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦤꦒꦸꦩꦶꦁꦱꦶꦂ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦗꦁꦗꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ |
1 | dyan sinambat lungeyaning rabi / saha wacanalon / dhuh mas mirah aywa maras anggèr / dèn pracaya marang ing dewasih / tan kêna gumingsir / yèn wus jangjinipun |
꧒ | ꧅ꦟꦓꦫꦗꦏꦁꦒꦼꦒ꧀ꦩꦶꦪꦂꦰꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈ꦔꦶꦫꦯꦁꦔꦏꦡꦺꦴꦁ꧈ꦱꦏꦩꦤ꧀ꦠꦾꦤ꧀ꦥꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦱꦺ꧈ꦢꦢꦶꦲꦥꦲꦒꦃꦲꦤꦩꦩꦶ꧈ꦔꦺꦴꦁꦮꦠꦫꦩꦠꦶ꧈ꦱꦶꦢꦲꦱꦸꦤ꧀ꦱꦲꦸꦠ꧀ |
2 | nagaraja kanggêg miyarsangling / ira sang akatong / sakamantyan pangunguning tyase / dadi apa agahana mami / ngong watara mati / sidaa sun saut |
꧓ | ꧅ꦏꦲꦶꦭꦁꦔꦤ꧀ꦏꦢꦁꦮꦸꦮꦸꦃꦩꦁꦒꦶꦃ꧈ꦢꦼꦢꦸꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤ꧀ꦤꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦠꦁꦥꦠꦶꦏꦼꦤꦺꦁꦢꦺꦴꦱꦒꦼꦝꦺ꧈ꦱꦩꦂꦒꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦏꦂꦪꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥꦰ꧀ꦛꦶꦩꦁꦒꦶꦃꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦝꦸꦃꦝꦸꦃꦪꦪꦶꦦꦿꦨꦸ |
3 | kailangan kadang wuwuh manggih / dêdukaning manon / utang pati kênèng dosa gêdhe / samargane wong akarya bêcik / pasthi manggih bêcik / dhuh-dhuh yayi prabu |
꧔ | ꧅ꦟꦓꦓꦶꦟꦶꦲꦕꦶꦢꦿꦲꦶꦁꦩꦩꦶ꧈ꦱꦲꦸꦗꦂꦫꦺꦭꦶꦚꦺꦴꦏ꧀ꦒꦮꦺꦒꦮꦺꦩꦩꦿꦶꦃꦲꦶꦁꦢꦸꦢꦸꦤꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦢꦲꦪꦪꦶꦲꦗꦶꦩꦠꦶ꧈ꦪꦏ꧀ꦠꦶꦟꦓꦓꦶꦟꦶ꧈ꦱꦸꦤ꧀ꦥꦶꦢꦺꦴꦱꦭꦩ꧀ꦥꦸꦱ꧀ |
4 | Nagagini acidra ing mami / saujare linyok / gawe-gawe mamrih ing dudune / yèn sidaa yayi aji mati / yakti Nagagini / sun pidosa lampus |
꧕ | ꧅ꦠꦏ꧀ꦱꦏꦺꦟ꧀ꦢꦿꦮꦸꦱ꧀ꦲꦸꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦁꦏꦶꦁ꧈ꦥꦏꦱꦸꦠꦤ꧀ꦏꦡꦺꦴꦁ꧈ꦮꦂꦤꦩꦸꦭꦶꦃꦏꦢꦾꦲꦶꦁꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦤꦺ꧈ꦱ꧀ꦮꦫꦔꦏꦏ꧀ꦒꦸꦩꦼꦂꦲꦶꦁꦗꦿꦺꦴꦥꦸꦫꦶ꧈ꦮꦺꦴꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦾꦗꦿꦶꦃ꧈ꦩꦾꦂꦰꦱ꧀ꦮꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ |
5 | taksakendra wus umijil saking / pakasutan katong / warna mulih kadya ing unine / swara ngakak gumêr ing jro puri / wong dalêm samyajrih / myarsa swaranipun |
꧖ | ꧅ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦫꦠꦤ꧀ꦲꦢꦂꦧꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦱꦒꦸꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦸꦮꦸꦃꦲꦸꦮꦸꦃꦟꦓꦦꦿꦡꦭꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶꦯꦁꦯꦿꦶꦟꦫꦦꦡꦶ꧈ꦥꦽꦤ꧀ꦤꦃꦲꦶꦫꦩꦸꦁꦒ꧀ꦮꦶꦁ꧈ꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦥꦸꦁꦏꦸꦂ |
6 | ciptanira tan adarbe urip / sagung wong kadhaton / nguwuh-uwuh Nagapratalane / mring kang rayi sang sri narapati / prênahira munggwing / kêbon alas pungkur |
꧗ | ꧅ꦱꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦫꦫꦶꦯꦁꦠꦏ꧀ꦱꦏꦗꦶ꧈ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦭꦫꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦩꦫꦶꦁꦗꦧꦲꦶꦁꦱꦥꦔꦸꦧꦲꦺ꧈ꦯꦿꦶꦟꦫꦺꦟ꧀ꦢꦿꦏꦽꦢꦾꦠ꧀ꦩꦶꦪꦂꦰꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈ꦔꦶꦫꦟꦓꦦꦡꦶ꧈ꦮꦤ꧀ꦠꦶꦮꦤ꧀ꦠꦶꦔꦸꦮꦸꦃ |
7 | santinira ri sang taksakaji / mijila riningong / maring jaba ing sapangu bae / sri narendra krêdyat miyarsangling- / ira nagapati / wanti-wanti nguwuh |
꧘ | ꧅ꦲꦂꦰꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦒꦂꦮꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦟ꧀ꦝꦺꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦫꦶꦯꦁꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦩꦸꦠꦔꦶꦱ꧀ꦱꦁꦢꦾꦃꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂꦫꦺ꧈ꦝꦸꦃꦢꦺꦮꦗꦶꦲꦂꦰꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦯꦁꦔꦗꦶ꧈ꦪꦪꦶꦲꦂꦱꦩꦼꦠꦸ |
8 | arsa mijil garwa ambondhèti / ri sang prawiranom / èsmu tangis sang dyah lon ature / dhuh dewaji arsa dhatêng pundi / ngandika sang aji / yayi arsa mêtu |
꧙ | ꧅ꦏꦏꦁꦟꦓꦦꦿꦡꦭꦤꦺꦁꦗꦮꦶ꧈ꦲꦔꦸꦮꦸꦃꦩꦫꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦯꦁꦭꦶꦂꦫꦠꦶꦃꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦠꦸꦂꦫꦺ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦺꦥꦢꦸꦏꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶ꧈ꦩꦫꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦠꦶ꧈ꦩꦤ꧀ꦤꦮꦶꦢꦺꦤ꧀ꦱꦲꦸꦠ꧀ |
9 | kakang Nagapratala nèng jawi / anguwuh maringong / sang lir ratih aris ing ature / sampun age paduka manggihi / maras ingkang ati / manawi dèn saut |
꧑꧐ | ꧅ꦩꦺꦴꦁꦱꦔꦁꦒꦺꦪꦥꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦠꦶ꧈ꦥꦲꦺꦱꦶꦭꦶꦃꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧈ꦢꦂꦧꦺꦤꦭꦂꦲꦏꦺꦃꦥꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦯꦿꦶꦟꦡꦔ꧀ꦭꦶꦁꦪ꧀ꦮꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦪꦪꦶ꧈ꦯꦁꦧꦸꦗꦁꦒꦦꦡꦶ꧈ꦏꦢꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ |
10 | măngsa nganggea pariksa niti / pae silih uwong / darbe nalar akèh pariksane / sri nata ngling ywa mangkono yayi / sang bujănggapati / kadang ingsun sêpuh |
꧑꧑ | ꧅ꦱꦏꦶꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦼꦁꦔꦶꦫꦩꦫꦶꦁꦩꦩꦶ꧈ꦱꦧꦤ꧀ꦱꦧꦤ꧀ꦫꦮꦺꦴꦃ꧈ꦱꦶꦁꦏꦲꦾꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦤ꧀ꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦥꦠꦶ꧈ꦠꦤ꧀ꦤꦂꦰꦒꦸꦩꦶꦁꦱꦶꦂ꧈ꦥꦿꦕꦪꦺꦁꦢꦺꦮꦒꦸꦁ |
11 | saking onêngira mring wak mami / saban-saban rawoh / sing kahyangan ing kono jujuge / nadyan ingsun amanggiha pati / tan arsa gumingsir / pracayèng dewagung |
꧑꧒ | ꧅ꦮꦿꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱꦶꦏꦏꦁꦭ꧀ꦮꦶꦃꦱꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦠꦤ꧀ꦏꦺꦮꦿꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦺꦴꦃ꧈ꦲꦒꦭ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦲꦗꦸꦂꦫꦗꦺꦂ꧈ꦱꦶꦔꦶꦢ꧀ꦢꦤꦗꦿꦺꦴꦥꦿꦰꦢꦮꦼꦱꦶ꧈ꦥꦰ꧀ꦛꦶꦱꦸꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃ꧈ꦱꦶꦏꦏꦁꦪꦺꦤ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ |
12 | wruhanira si kakang lwih sakti / tan kewran ing kewoh / agal-alit manjing ajur-ajèr / singidana jro prasada wêsi / pasthi sun kapanggih / si kakang yèn bêndu |
꧑꧓ | ꧅ꦢꦾꦃꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦟ꧀ꦝꦺꦠ꧀ꦏꦼꦏꦸꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦏꦶ꧈ꦮꦱ꧀ꦥꦢꦽꦱ꧀ꦲꦸꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦯꦁꦦꦿꦡꦭꦲꦱꦿꦸꦥꦩꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺ꧈ꦪꦪꦶꦦꦿꦨꦸꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦭꦢꦺꦤ꧀ꦲꦒ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦏꦢꦁꦔꦶꦫꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ꧈ꦪꦠꦯꦁꦔꦦꦿꦨꦸ |
13 | dyah ambondhèt kêkuncaning laki / waspa drês umiyos / Sang Pratala asru pamuwuse / yayi prabu mijila dèn aglis / kadangira prapti / ya ta sang aprabu |
꧑꧔ | ꧅ꦱꦶꦒꦿꦩꦼꦁꦏꦁꦭꦸꦔꦺꦪꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦧꦶ꧈ꦲꦸꦩꦺꦤ꧀ꦠꦂꦠꦤ꧀ꦤꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦗꦮꦶꦥꦁꦒꦶꦃꦭꦤ꧀ꦩꦶꦠꦿꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦢꦾꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦁꦏꦸꦮꦲꦸꦯꦿꦶꦧꦸꦦꦡꦶ꧈ꦱꦼꦝꦼꦁꦤꦾꦥꦝꦱꦶꦃ꧈ꦱꦂꦥꦺꦟ꧀ꦢꦿꦲꦩꦸꦮꦸꦱ꧀ |
14 | sigra mêngkang lungeyaning rabi / umentar tan alon / praptèng jawi panggih lan mitrane / dyan pinangku wau sri bupati / sêdhêngnya padhasih / sarpendra amuwus |
꧑꧕ | ꧅ꦢꦢꦶꦲꦥꦲꦒꦃꦲꦤꦩꦩꦶ꧈ꦩꦿꦶꦁꦱꦶꦫꦫꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦟꦓꦓꦶꦟꦶꦧꦾꦏ꧀ꦠꦲꦶꦁꦢꦸꦂꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦩꦊꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦃ꧈ꦲꦶꦫꦲꦔꦸꦭꦥ꧀ꦥꦶ꧈ꦲꦶꦁꦏꦭꦶꦭꦶꦥ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ |
15 | dadi apa agahana mami / mring sira riningong / Nagagini byakta ing durtane / ingsun ora bangkit malês ing sih- / ira angulapi / ing kalilip ingsun |
꧑꧖ | ꧅ꦫꦗꦲꦁꦔ꧀ꦭꦶꦁꦢꦂꦩꦲꦤ꧀ꦤꦲꦸꦂꦫꦶ꧈ꦮꦕꦤꦫꦸꦩ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦏꦏꦁꦲꦏ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦲꦫꦶꦤꦶꦫꦢꦶꦫꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦪꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦏꦂꦰꦤ꧀ꦠꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦱꦸꦩꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ |
16 | Raja Anglingdarma anauri / wacana rum alon / dipun agêng kakang aksamane / arinira dira nguniyani / karsanta nuruti / sumuking tyas bêndu |
꧑꧗ | ꧅ꦯꦁꦟꦓꦔ꧀ꦭꦶꦁꦲꦗꦱꦶꦫꦥꦶꦏꦶꦂ꧈ꦒꦼꦁꦠꦫꦶꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦩꦫꦶꦁꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦢꦂꦧꦺ꧈ꦏꦢꦁꦩꦤ꧀ꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦢꦸꦤ꧀ꦚꦚꦥꦿꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦼꦭꦃꦲꦤ꧀ꦪꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦩꦸꦁꦱꦶꦫꦫꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ |
17 | Sang Naga ngling aja sira pikir / gêng tarimaningong / maring sira ingsun tan adarbe / kadang manèh ing donya pra tuwin / ing dêlahan yakti / mung sira riningsun |
꧑꧘ | ꧅ꦢꦠꦤ꧀ꦮꦶꦁꦮꦶꦁꦱꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦢꦱꦶꦃ꧈ꦭꦶꦱ꧀ꦠꦾꦲꦶꦁꦕꦶꦠꦿꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦏ꧀ꦠꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦒꦸꦤ꧀ꦤꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦁꦔꦔꦺꦭ꧀ꦱꦠꦾꦺꦁꦔꦸꦗꦂꦊꦒꦮꦲꦶꦁꦥꦠꦶ꧈ꦩꦿꦶꦁꦩꦶꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱꦶꦃ꧈ꦤꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ |
18 | datan wingwing sinêmbah ing dasih / lisyta ing citranom / sakti măndraguna wruh ing angèl / satyèng ujar lêgawa ing pati / mring mitranira sih / nora bisa ingsun |
꧑꧙ | ꧅ꦩꦊꦱ꧀ꦩꦫꦁꦱꦶꦃꦲꦶꦫꦪꦪꦾꦗꦶ꧈ꦲꦤꦏꦩꦪꦤ꧀ꦔꦺꦴꦁ꧈ꦲꦗꦶꦯꦸꦭꦺꦩꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦱꦮꦧ꧀ꦧꦺ꧈ꦮꦿꦶꦤ꧀ꦧꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦁꦱꦂꦮꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀ꦧꦪꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦰ꧀ꦛꦶ꧈ꦏꦂꦰꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦺꦮꦒꦸꦁ |
19 | malês marang sihira yayyaji / ana kamayan ngong / Aji Suleman agung sawabe / wrin basaning kang sarwa kumêlip / baya wus pinasthi / karsaning dewagung |
꧒꧐ | ꧅ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦪꦪꦶꦲꦗꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦤꦫꦶꦤꦸꦁꦔ꧀ꦮꦺꦁꦗꦤ꧀ꦩꦭꦺꦤ꧀ꦥꦪꦺꦴꦩꦺꦤ꧀ꦠꦂꦩꦫꦶꦁꦢꦺꦴꦤ꧀ꦏꦁꦱꦼꦥꦶ꧈ꦠꦸꦩꦩꦺꦁꦮꦤꦢꦿꦶ꧈ꦭꦮꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ |
20 | lamun sira ingkang andarbèni / yayi ajiningong / datan kêna rinungwèng janma lèn / payo mentar maring don kang sêpi / tumamèng wanadri / lawan wêkas ingsun |
꧒꧑ | ꧅ꦲꦪ꧀ꦮꦏꦶꦠꦲꦩꦸꦫꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦫꦧꦶ꧈ꦥꦺꦴꦩꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦩꦶꦮꦃꦥꦸꦠꦿꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦩꦸꦭꦁꦔꦪꦪꦶ꧈ꦥꦰ꧀ꦛꦶꦔꦺꦴꦁꦔꦼꦩꦱ꧀ꦱꦶ꧈ꦠꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦾꦥꦶꦤ꧀ꦤꦁꦒꦸꦃ |
21 | aywa kita amuruk ing rabi / poma wêkas ingong / miwah putra kawulawargane / lamun sira amulanga yayi / pasthi ngong ngêmasi / tan yogya pinangguh |
꧒꧒ | ꧅ꦲꦩꦶꦠꦸꦲꦸꦯꦁꦲꦁꦔ꧀ꦭꦶꦁꦢꦂꦩꦗꦶ꧈ꦮꦕꦤꦔꦭꦥ꧀ꦱꦺꦴꦂ꧈ꦏꦭꦶꦁꦒꦩꦸꦂꦢꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦺꦤ꧀ꦏꦕꦚ꧀ꦕꦁꦱꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦢꦢꦾꦲꦥꦫꦶꦥꦶꦃ꧈ꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦸꦩꦮꦸꦃ |
22 | amituhu sang Anglingdarmaji / wacana ngalapsor / kalingga ing murda pasihane / lèn kacancang sapucuking wèni / dadyaa paripih / sihing kang dhumawuh |
꧒꧓ | ꧅ꦟꦓꦫꦗꦲꦮꦕꦤꦩꦭꦶꦃ꧈ꦢꦺꦤꦺꦲꦫꦶꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦤꦼꦝꦩꦫꦁꦔꦭꦱ꧀ꦏꦁꦲꦱꦼꦥꦶ꧈ꦔꦺꦴꦁꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶꦪꦪꦶ꧈ꦤꦶꦠꦶꦃꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ |
23 | Nagaraja awacana malih / dene ariningong / lamun uwis têrang ing karsane / nêdha marang alas kang asêpi / ngong lilani yayi / nitih gigir ingsun |
꧒꧔ | ꧅ꦊꦁꦒꦤꦯꦁꦲꦁꦔ꧀ꦭꦶꦁꦢꦂꦩꦲꦗꦶ꧈ꦢꦾꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦶꦃꦏꦼꦤ꧀ꦩꦸꦁꦒ꧀ꦮꦶꦁꦮꦸꦒꦾꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦠꦏ꧀ꦱꦏꦺꦟ꧀ꦢꦿꦱꦏ꧀ꦱꦤꦲꦸꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶ꧈ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦭꦶꦂꦲꦤ꧀ꦢꦫꦸ |
24 | lênggana sang Anglingdarma aji / dyan sinambut alon / tinitihkên munggwing wugyatane / taksakendra saksana umijil / saking dalêm puri / lampah lir andaru |
꧒꧕ | ꧅ꦩꦸꦁꦱꦥꦔꦸꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦮꦤꦢꦿꦶ꧈ꦯꦁꦟꦓꦤꦧ꧀ꦢꦭꦺꦴꦤ꧀ꦪꦪꦶꦦꦿꦨꦸꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦲꦒꦺ꧈ꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦲꦸꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦮꦤꦢꦿꦶ꧈ꦭꦺꦴꦂꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦲꦠꦼꦧꦶꦃ꧈ꦠꦤ꧀ꦤꦤꦏꦁꦮꦼꦫꦸꦃ |
25 | mung sapangu prapta ing wanadri / sang naga nabdalon / yayi prabu tumuruna age / mêne uwus prapta ing wanadri / lor kidul atêbih / tan ana kang wêruh |
꧒꧖ | ꧅ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦲꦱꦼꦥꦶ꧈ꦠꦸꦩꦼꦝꦏ꧀ꦱꦁꦏꦡꦺꦴꦁ꧈ꦱꦏꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦰꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦫꦶꦯꦁꦟꦓꦦꦿꦡꦭꦤꦧ꧀ꦢꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦏꦶꦲꦗꦶꦩꦩꦶ꧈ꦯꦸꦭꦺꦩꦤ꧀ꦭꦶꦤꦸꦲꦸꦁ |
26 | wus prayoga ing kene asêpi / tumêdhak sang katong / saking gigir lênggah ing ngarsane / ri sang Nagapratala nabdaris / iki aji mami / Sulêman linuhung |
꧒꧗ | ꧅ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦥꦉꦏ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦫꦲꦭꦶꦁꦒꦶꦃ꧈ꦩꦼꦉꦩ꧀ꦩꦫꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦟꦡꦢꦠꦤ꧀ꦮꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦂꦰꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦱꦩꦾꦩꦼꦉꦩ꧀ꦤꦓꦦꦿꦡꦭꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈ꦮꦱ꧀ꦥꦲꦢꦽꦱ꧀ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦨꦸ |
27 | dèn aparêk donira alinggih / mêrêma riningong / nata datan wiyang ing karsane / samya mêrêm Nagapratala ngling / waspa adrês mijil / kasmaran sang prabu |